MELAS

MELAS
Karya : Alviyatun

Kahanan kang soyo ra karuan
Sambung sinambung kedadian kahuripan 
Tan bakal rampung, mbuh tekan kapan
urip kui pancen koyo bal sik ditendhang-tendhang 
Kadhang mumbul, keporo malah nungsep ing lendhutan

Duwe karep tan biso kecandhak, mung nggantung ing awang-awang
Impen wengi mung dadi gambar
Lelandhesan pinter tan mesthi nggowo kabejan
Wingi, saiki, lan sak candhake
Mung iso nyawang, konco lan tonggo podho urip ing kamulyan

Melas kahanan iki
Melas urip iki
Melas ati iki
Durung sido mulyo, nanging wes nandhang loro

Duh Allah kang Moho welas asih
Kawula nyuwun pitedah
Pitedah ingkang pinuju mergi padhang
Dados kawula ingkang migunani bongso lan negoro
 
Dalam bahasa Indonesia,

NELANGSA
Karya : Alviyatun

Kondisi yang semakin tidak menentu
Sambung menyambung kejadian kehidupan
Takkan selesai, entah sampai kapan
Hidup memang seperti bola yang ditendang-tendang
Kadang tinggi, bisa jadi terjerembab dalam lumpur

Punya keinginan tak bisa terengkuh, hanya menggantung di angkasa
Mimpi malam hanya menjadi gambar
Bekal kepandaian tak selalu membawa keuntungan
Kemarin, sekarang dan yang akan datang
Hanya bis melihat, teman dan tetangga hidup dalam kemulyaaan

Nelangsa kehidupan ini
Nelangsa hidup ini
Nelangsa hati ini
Belum sempat mulya, tapi malah menderita

Ya Allah yang Maha Welas Asih
Hamba mohon petunjuk
Petunjuk yang menuju jalan terang
Menjadi hamba yang berguna untuk bangsa dan negara










Komentar

MENIKUNGKAN DARMA BAKTI

MERENDA HARI (Meluapkan kegundahan)